Senin, 13 Oktober 2014

KHUTBAH JUMAT, 10 OKTOBER 2014



الحمد لله الذي رفع من أراد به خيرا بالعلم والإيمان، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان. وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، الكريم المنان، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان، اللهم صل وسلم على محمد وعلى آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان. أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.
Para rawuh sidang jumat ingkang berbahagia
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman dumateng Allah SWT.
Para rawuh ingkang minulya…..
Allah ta’ala sampun paring dawuh dateng al-Qur’an ingdalem surat al-Hajj ayat 37.
Artosipun :
“Ora bakal tumeko daging lan rahing unta marang Allah lan tetapine ketakwaan saking sira kabeh kang tumeka marang Allah. Kaya mengkono iku Allah nundukaken unta kanggo sira kabeh supaya sira ngegungake marang Allah ingatase perkara kang deng pituduhake marang sira kabeh. Lan paringana kabar bungah marang-marang wong kang agawe kebagusan”.

Kaum Jahiliyah ingdalem sakwusana jaman kuna sampun sregep anggenipun ngramut Ka’bah. Ananging ingdalem wilayah ketauhidan tansah kathah nglampahi keyakinan ingkang luput. Salah setunggaling cara ngleksanaaken sesembahan dumateng pengeranipun kanti nglumasi Ka’bah mawi getih lan dagingipun hewan Unta ingkang sampun dipun sembelih. Menika ingkang sampun kalampah mataun-taun kanti keyakinan mbok bilih pengeranipun nampi sesembahanipun. Lajeng kaum Muslimin ingdalem ngleksanaaken ibadah kurban saweg niru dumateng cara lan perilakunipun kaum Jahiliyah menika sahingga ayat punika tumurun kanti tujuan ngleresaken keyakinan ingkang luput. Awit pengeran ingkang Maha Sugih lan tebih saking sifat cacat lan kirang saestu mboten mbetahaken rupa barang wadag lan kasat mripat menika. Kanti syariat kurban menika, nglumasi Ka’bah mawi daging lan getih sampun dipun lereni kanti wontenipun ibadah kurban ingdalem wekdal Riyaya Kurban.
Para rawuh ingkang minulya…..
Mbok bilih mangertosi wontenipun dawuh saking Allah kalawau, ingkang dados punjeripun makna kurban mboten manggen dateng wujudipun kurban ingkang sarwo wadag lan kasat mripat. Ananging dateng ketakwaan kula panjenengan sedaya. Menika nuduhaken mbok bilih kurban kedah dipun mangertosi gandeng kanti ketakwaan. Mbok bilih tiyang kurban mboten dipun sarengi mawi sifat ketakwaan, kamangka kurban menika mboten nuju dateng tujuanipun. Awit Allah ta’ala mboten nampi kurbanipun ananging wujud ketakwaan ingkang bakal tumuju dateng Allah SWT. Kurban namun dados sarana nuju dateng keridaanipun kang Maha Kuwaos kala wau. Sami kaliyan sifat manut ingkang dipun cawisaken Nabi Ibrahim ingkang sarwa mituhu dumateng perintahipun Allah mawi ngurbanakan putra kinasihipun, Ismail a.s. Mbok bilih mekaten sifat ketakwaan saged dipun mangertosi saking sifat manut lan tebih duraka dumateng pengeran ingdalem perwatekan ingkang pribadi.
Para rawuh ingkang minulya…..
Lajeng pripun surasanipun ketakwaan ingkang manggen dateng ruang lingkup sosial kemasyarakatan. Ingdalem kaitanipun kaliyan ibadah kurban, segi kemasyarakatan dados punjeripun sifat ketakwaan ingkang langkung gati lan gumati. Sak sampunipun piyantun muslim kurban mawi dipun leksanaaken piyambak utawi dipun pasrahaken dumateng tiyang lintu ingdalem tata cara lan penyerahanipun daging kurban dateng kaum ingkang berhak mangka kedah dipun paringaken kanti nocoki sifat keadilan. Allah taa’la sampun paring dawuh ingdalem sifat adil ingkang bakal nuju dateng ketakwaan kala wau.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ لِلَّهِ شُهَدَاءَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا يَجْرِمَنَّكُمْ شَنَآنُ قَوْمٍ عَلَىٰ أَلَّا تَعْدِلُوا ۚ اعْدِلُوا هُوَ أَقْرَبُ لِلتَّقْوَىٰ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Artosipun :
Hai wong-wong kang pada iman, dadio sira kabeh wong kang ngedeake kebenaran kerana Allah lan dadi saksi kang Adil. Lan aja getinge sira marang siji kaum dadiake sira ora adil. Adila sira kabeh utawi adil iku luwih parek marang ketakwaan. Lan wdia marang Allah setuhune Allah iku maha ngudaweni marang apa kang sira agawe”.
Ayat menika nuduhaken mbok bilih sifat ingkang adil dados salah setunggaling piranti pinuju dateng ketakwaan sami kaliyan ingkang dipun tuntut ingdalem ibadah kurban. Ing wusana kurban kedah dados sarana menuju ketakwaan kedah dipun uba rampi kaliyan pembagian ingkang adil. Sifat adil saking ayat menika anggadahi makna mbok bilih adil dipun jejekaken kaliyan ngempet saking sifat berat sebelah, gunjing, ngrumiyenaken kepentingan pribadi utawi golonganipun. Awit fenomena ingkang wonten dateng kejadian-kejadian pembagian daging kurban nuduhaken sifat berat sebelah menika. Piyantun-piyantun ingkang wonten dateng sekitaripun elit penyembelihan kurban tansah pikantuk fasilitas lan peparingan ingkang berlebihan tanpa merhatosaken dumateng tiyang ingkang langkung berhak. Penyebaran daging ingkang mboten merata dadosaken ibadah kurban dipun ubengi kaliyan sifat ingkang mboten adil. Langkung-langkung nuju dateng ketakwaan. Sak wangsulipun ibadah kurban dadosaken peristiwa ingkang ngundang keprihatinan dumateng bagian masyarakat ingkang langkung berhak. Lajeng kesah-kesuhipun masyarakat dados ukuran milang ibadah menika mboten saged nuju dateng sasaranipun. Fenomena menika dados peristiwa ingkang merata ing kiwa-tengen kula penjenegan sami. Langkung-langkung wonten tiyang ingkang tansah merdi-merdi anggenipun saged ngleksanaaken kurban kanti rerakitan nyuwun dumateng kelompok lintu supados kurban dateng piyambakipun mawi kathah cara.
Al-hasil ibadah kurban menika dados ibadah ingkang dipun leksanaaken kanti ngendap-ngendap lan samar-samar ingdalem pranata ingkang kedah dipun leksanaaken kanti cara ingkang transparan lan terbuka. Sahingga mboten anggadahi labet dateng asas pemerataan lan mbela dateng kepentinganipun tiyang ingkang tuna.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ibadah kurban ingkang sampun dipun cawisaken menika angadahi tujuan nggiaraken sifat keagunganipun Allah SWT. Kanti ucapan لتكبروا الله على ما هداكم وبشر المحسنين supaya sira kabeh ngegungake marang Allah kang paring pituduh marang sira. Sak sampunipun Allah ta’ala paring pituduh kurban dumateng kita sedaya, mangka sampun dados kewajiban kula sedaya maos kalimah talbiyah ingkang ngestuaken dawuh kala wau. Ananging mbok bilik kula panjenengan sedaya ibadah kurban kanti cara ingkang nebihaken dateng tujuanipun, persasat ibadah kita nyedaki dateng bendunipun Allah ta’ala lan nebihi dateng sifat welasipun.
Kanti menika, mangga kita tansah ngudaweni dateng ibadah kurban kula panjenengan sami kanti harapan dipun trimahipun kurban kita kalebet tiyang ingkang dipun paringi kabar bebungah kanti rida lan panggenan suwarganipun Allah SWT.
بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************.
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا..........................................................................
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ َجِيْدٌ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُؤْمِنِيْنَ، رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَاب النَّاَر.........................................................................
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar