الحمد لله الذي رفع من أراد به خيرا
بالعلم والإيمان ، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان . وأشهد أن لا
إله إلا الله وحده لا شريك له ، الكريم المنان ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله الذي
كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان ، اللهم صل وسلم على محمد وعلى آله وأصحابه
والتابعين لهم مدى الزمان . أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي بتقوى الله عز
وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله تعالى في كتابه
الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا
اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ“
Para rawuh sidang jumat ingkang berbahagia
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng
Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih
punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti ilmu ingkang dipun
warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman dumateng Allah
SWT.
Para rawuh ingkang minulya…..
Allah Ta’ala sampun paring dawuh dateng
al-Quran Surat al-Saffat ayat 20-26 ingkang surasanipun :
هَذَا يَوْمُ الْفَصْلِ الَّذِي كُنْتُمْ بِهِ تُكَذِّبُونَ
(21) احْشُرُوا الَّذِينَ ظَلَمُوا وَأَزْوَاجَهُمْ وَمَا كَانُوا يَعْبُدُونَ
(22) مِنْ دُونِ اللَّهِ فَاهْدُوهُمْ إِلَى صِرَاطِ الْجَحِيمِ (23) وَقِفُوهُمْ
إِنَّهُمْ مَسْئُولُونَ (24) مَا لَكُمْ لَا تَنَاصَرُونَ (25) بَلْ هُمُ
الْيَوْمَ مُسْتَسْلِمُونَ (26)
Artosipun :
Ikilah dina keputusan kang sira garahake.
(lan malaikat den perintahake),”kumpulno wong-wong kang nganiaya lan
kanca-kancane lan sesembahan kang sak liyane Allah, mangka nuduhaken sira
marang dalane neraka. Lan mandekake sira marang slirane setuhune deweke bakal
ditakoni. Lan ditakoni deweke,”Piye sliramu ora pada tulung-tinulung ?.
Tetapine ingdalem dina iku wong-wong kang pada aniaya tansah pasrah”.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ingdalem setunggal wekdal ayat punika dipun
waos kaliyan Umar bin Abdul Aziz. Umar bin Abdul Aziz menika salah setunggaling
khalifah saking Bani Abbasiyah. Penjenenganipun namung anggadahi umur 40 tahun.
Lan memerintah namung kalih tahun inggih punika tahun 99-101 Hijriyah. Ingdalem
wekdal sak antawis bade ngleksanaaken salat Isya’, panjenenganipun maos ayat
kasebat. Penjenenganipun tansah mangsuli wontenipun makna saking ayat punika
ingdalem maksud lan tujuanipun mangertosi makna tanggungjawabipun dateng
masyarakat. Awit saking agengipun tanggungjawab dateng masyarakat ingkang bakal
dipun suwun ingdalem nalika sowan dateng ngarsa Allah SWT.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ajaran Islam sampun paring paugeran
wontenipun perihal tanggungjawab dateng pribadi utawi pemimpin masyarakat,
negari, lan kelompok-kelompok. Salah setunggaling hadis ingkang dipun
riwayataken kalian Ibnu Umar paring ikhbar ingkang surasanipun
:”Rasulullah dawuh,”Elingo, saben-saben saka sliramu kabeh iku angon lan
bakal ditakoni saking pendereke. Penguasa kang angon rakyate bakan ditakoni
perihal rakyate. Wong lanang iku dadi pengarep keluargane lan bakal den takoni
ingdalem perihal keluargane. Wong wadon iku dadi pengarep ingdalem ngrupaka
omah, banda lanange lan anak, lan bakal den takoni ingdalem perihal
open-openane. Budak iku ngrupaka banda tuane lan bakal ditakoni ingdalem
perihal bandane tuane. Saben-saben saking sliramu iku pengarep lan bakal
ditakoni ingdalem saben-saben urusane”.
Hadis menika paring pangertosan mbok bilih
urusan samubarang ingkang wonten dateng alam dunya menika. Jer mboten wonten
panggenan ingkang mboten katatrapan pertanggungjawaban - ingdalem penganggep
kathah tiyang ingkang anggadahi penyana mbok bilih perkara ingkang mboten
wonten ketetapanipun agami lajeng mboten wonten pertanggungjawabanipun.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ingdalem wekdal sanes rucahipun pinemu menika
mboten sanes namung mbuntu pinemunipun manungsa. Ateges wontenipun tiyang
ingkang namung nganggep mbok bilih ingkang dipun wastani perilaku kotor menika
namung terbatas ingkang wonten dateng al-Quran kemawon. Selajengipun sak
jabanipun menika dipun anggep panggenan ingkang mboten bakal dipun
pertanggungjawabaken ing ngarsanipun Allah SWT. Ingdalem Surat al-Maun
ingkang surasanipun,
أَرَأَيْتَ
الَّذِي يُكَذِّبُ بِالدِّينِ (1) فَذَلِكَ الَّذِي يَدُعُّ الْيَتِيمَ (2) وَلَا
يَحُضُّ عَلَى طَعَامِ الْمِسْكِينِ (3) فَوَيْلٌ لِلْمُصَلِّينَ (4) الَّذِينَ
هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُونَ (5) الَّذِينَ هُمْ يُرَاءُونَ (6) وَيَمْنَعُونَ
الْمَاعُونَ (7)
Ingkang makno ungkulipun inggih
punika, sapa wae kang ora merduli anak yatim, ora aweh panganan marang wong–wong
kang pada melarat, nglakoni salat kelawan ora ngerteni sejatine, wong kang
pamer lan medit iku diarani wong kang nggarahake agama. Perilaku nggarahake
agama yekti dados perkawis ingkang ala.
Ingdalem kasat mripat dipun
wastani nyandang agami, ananging sejatosipun saweg bade ngrobohaken agami.
Mbok bilih makna ala dipun
maknani terbatas saking surat al-Maun menika yekti perilaku sejenis lan
sejajar saking makna ala kala wau mboten katratapan makna ala babar pisan.
Ingdalem contoh wonten tiyang sampun ngleksanaaken santunan anak yatim, paring sadaqah
panganan dateng tiyang sanes, ngeleksanaaken salat jamaah. Ananging ingdalem
wekdal sanes perilaku koruptif tansah dipun tindaaken, nglampahi tumindak
diskriminatif sarana ambedaaken perlakuan dateng kelompok. Mbok bilih
kelompokipun tansah dipun kira-kiraken lan dipun uri-uri. Ananging
kelompok lintu ingkang wonten dateng jabane mboten nampi perlakuan ingkang sami
ingdalem urusan kemasyarakatan, birokrasi, administrasi lan sanes-sanesipun.
Langkung-langkung wonten tiyang ingkang memanipulasi data jumlah satuan-satuan
barang lan keanggotaan ingdalem kawontenan nambahi warna diskriminasi menika.
Para rawuh ingkang minulya…..
Cara pikir lan tumindak menika
dados cara ingkang kuna lan klasik ingdalem kawontenan zaman modern. Perilaku
koruptif, manipulasi, diskriminasi kelompok lan penyalahgunaan wewenang menika
sakwangsulipun dados perilaku ingkang subur dateng kalangan kita.
Langkung-langkung dipun beneraken kalian cara pikir ingkang kuna kala wau.
Inggih punika dipun pahami mbok bilih sedaya ingkang mboten pertela adeg-adeg
hukum lan kawontenanipun lajeng dipun anggep mboten larangan. Dipun tambah mbok
bilih perilaku kotor wau sampun dipun lampahi mataun-taun sarana kebiasaan
ingkang berurat akar dateng penggalih lan pinemunipun. Mbok bilih kita mboten
saged ngowahi cara menggalih punika, saestu agama wonten dateng keadaan gawat
lan kritis. Ateges perilaku kotor kala wau dipun terima lan ingdalem kaya-kaya
mboten wonten kait lan sesambunganipun kalian ajaran agama. Kaya-kaya agama
namung ajaran ingkang wonten dateng zamanipun kanjeng Nabi kemawon. Sak
jabanipun mboten dipun ubo-rampi dados agama malih. Tamtu menika cara
berpikir kuna lan usang indalem kawontenan zaman modern ingkang kedah dipun isi
kalian kejujuran lan tanggungjawab kala wau.
Para rawuh ingkang minulya…..
Mbok bilih kawontenan menika dumadi dateng
sak ubenganipun lingkungan kita, sak estu kedah waspada wontenipun pengikisan
nilai-nilai keimanan dateng manah kita sedaya. Menika ingkang dipun wastani
masyarakat zalim. Inggih punika kawontenan masyarakat ingkang mboten migunaaken
tata krama masyarakat ingkang dipun ridani Allah SWT. Ingdalem kawontenan sanes
kerusakan-kerusakan masyarakat lan bangsa dipun wiwiti wontenipun perilaku
ingkang ethok-ethok mboten mangertosi. Awit Gusti Allah tansah Maha
Pirsa lan Ngudaweni.
Para rawuh ingkang minulya…..
Mugi-mugi
kita sedaya tansah dipun reksa saking wontenipun gejala rusakipun
masyarakat kala wau.
وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ
الظَّالِمُونَ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ
بارك الله
لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل
الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************.
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ
الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا..........................................................................
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ َجِيْدٌ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُؤْمِنِيْنَ، رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَاب النَّاَر.........................................................................
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ..