الحمد لله الذي رفع من
أراد به خيرا بالعلم والإيمان ، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان .
وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، الكريم المنان ، وأشهد أن محمدا عبده
ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان ، اللهم صل وسلم على محمد وعلى
آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان . أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي
بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله
تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُون.
Para
rawuh ingkang minulya...
Mangga
kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana
taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi
laranganipun kanti ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama
kanthi dasaring iman dumateng Allah SWT.
Para
rawuh ingkang minulya...
Kepareng matur ingdalem khutbah Jumat ingkang
minulya menika gegandengan kaliyan situasi ingkang akhir-akhir puniko. Inggih
punika wontenipun kedadian-kedadian ingkang dipun wastani darurat keimanan.
Tegesipun tiyang Islam ngadepi persulayan ingdalem nyandra wilayah ingkang
lebet menika. Kathahipun namung nyandak reribet ingdalem kalangan internal
tiyang Islam kemawon. Tiyang Islam tansah sulaya ingdalem nguri-nguri persatuan
dan gematinipun seduluran setunggal kaliyan sanesipun. Namung setunggal
perkawis ingkang andadosaken rucahipun situasi menika. Inggih meniko masalah
dereng tuntasipun nyesep keimanan dumateng Allah SWT. Antawis saking tumindak
menika nukulaken sikap ngafiraken dateng tiyang Islam lintu, nganggep najis,
ngrendahaken lan ingdalem puncakipun keteledoran kalawau nganggep musyrik. Lan
saking tuduhan menika ngestuaken mejahi dateng tiyang Islam sanes sarana mboten
sami anggenipun anggadahi pinemu ingkang lebet ingdalem babakan keimanan. Awit
saking punika, kawula wiwiti saking pusat reribetanipun tiyang Islam inggih punika
saking golongan Khawarij.
Para
rawuh ingkang minulya...
Khawarij salah setunggalipun kelompok ingkang didakwa kedah
bertanggungjawab kaliyan pejahipun khalifah Usman bin Affan dateng Madinah. Awit
sak derengipun Usman bin Affan kapundut, umat Islam manggihi punapa ingkang
kaliyan ahli sejarah dipun wastani kaliyan fitnah kubra. Inggih menika wontenipun situasi huru-hara
ingkang dipun mandegani kaliyan setunggal piyantun Yahudi, Abdullah bin
Saba’. Salah setunggalipun perkawis ingkang dipun dadosaken modal
ngorat-ngarit keutuhanipun tiyang Islam inggih punika mbok bilih Usman mboten
nderek dateng perang Badar. Lajeng alasan punika ingkang dipun dadosaken alat provokasi
dateng masyarakat. Al-hasil usaha menika dadosaken masyarakat goyah anggenipun
percados dateng kepemimpinan khalifah Usman bin Affan. Abdullah bin Saba’
sampun hasil anggenipun ngowahi situasi ingkang jenjem dados situasi chaos
utawi tidak terkendali. Awit saking menika, njalari dateng golongan
ingkang mboten paham situasi, terpancing kaliyan provokasi saking pihak ingkang
mboten remen dateng kepemimpinan Usman ingkang jumawa. Lan golongan ingkang gampil terpancing inggih
punika warga ingkang manggen dateng pedusunan. Awit warga pedusunan menika
tebih saking pengetahuan ingkang lebet ingdalem nyinau situasi ingkang
berkembang. Mawi sifat brangasipun, warga pedusunan menika mboten srantan
mejahi sayyidina Usman. Warga pedusunan ingkang lugu menika, ing babakan
selajengipun dipun sebat kelompok Khawarij.
Para
rawuh ingkang minulya...
Sak
bibaripun Usman bin Affan tilar dunya, Madinah ingkang dados ibu kotanipun
kekuasaan Islam dados kosong kepemimpinan. Lajeng kelompok ingkang mejahi Usman,
ngajeng-ngajeng dateng Ali bin Abi
Thalib nyepak dados khalifah selajengipun. Lan sak lajengipun Ali bin Abi
Thalib dipun baiat kaliyan para sahabat ingkang manggen dateng Madinah.
Ananging, Muawiyah, ingkang ngayahi Gubernur dateng Syria lan keleresan dados
mindahanipun Usman, mboten mufakat
dateng kepemimpinanipun Sayyidina Ali.
Lan nuntut dateng Ali ingdalem ngupokoro perkawis ingkang gegandengan kaliyan
pejahipun Usman bin Affan. Mbok bilih perkawis menika mboten dipun pungkasi,
mangka Muawiyah ingkang bade saweg ngleksanaaken piyambak. Awit saking menika, Khawarij
muda lajeng merapat ngraketaken gegandengan kaliyan pihak Ali bin Abi
Thalib. Al-hasil, Ali pinaring
tambahipun penderek ingdalem akhiripun dados kelompok ingkang sanget sulayanipun
dateng Ali, inggih punika Khawarij.
Para
rawuh ingkang minulya...
Persulayan
antawis pihak Ali lan Muawiyah mboten saged dipun pungkasi kanti rerembugan.
Selajengipun peperangan ingkang dados pilihan ingkang dipun wastani perang siffin.
Ingdalem kawontenan peperangan ingkang bade dipun menangaken pihak Ali,
Muawiyah ngleksanaaken siasat diplomasi kanti wakil dateng Amru bin Ash. Lan
peperangan saged dipun leremaken kanti nyawisaken mushaf al-Quran dateng
tombakipun Amru bin Ash. Perdamaian menika dateng sejarah dipun wastani mawi tahkim.
Peristiwa perjanjian damai menika kaleksanan dateng wilayah Harura, Kufah.
Ingkang sak menika kalebet dateng wilayah Iran. Ingdalem kawontenan menika,
bala tentaranipun Ali pecah dados kalih kelompok. Kelompok pertama,
mboten sarujuk kaliyan bentuk
perdamaian. Awit perdamaian dipun leksanaaken ingdalem kawontenan
unggulipun pihak Ali. Tamtu menika dados siasat belaka. Kelompok meniko lajeng
medal saking kelompokipun Sayyidina Ali ingkang akhiripun dipun wastani Khawarij.
Kelompok kaping kalih, tansah sarujuk dateng sedaya keputusanipun
Sayyidina Ali. Awit ingdalem ajaran agami ingkang sejati, ngleksanaaken wawuh
utawi damai dados kewajibanipun sedaya tiyang ingkang mukmin. Lan kelompok
ingkang kaping kalih punika lajeng dipun wastani Syi’ah. Artosipun
penderekipun Sayyidina Ali ingkang loyal lan setia. Awon saenipun kawontenan
penderekipun manut dateng dawuhipun Sayyidina Ali.
Para
rawuh ingkang minulya...
Kelompok
Khawarij saklajengipun dipun pimpin kaliyan Abdullah Ibnu Wahhab al-Rasyidi
kanti paham mbok bilih kelompok ingkang terlibat dateng peristiwa tahkim
dipun hukumi kafir. Awit kekalihipun mboten ngginaaken hukumipun Allah. Ateges
manut dateng perdamaian ingkang sejatosipun namung siasat belaka. Ananging
Abdullah Ibnu Wahhab al-Rasyidi dipun pejahi tentaranipun Sayyidina Ali dateng
wilayah Nahrawan, sak antawis 12 kilometer saking Baghdad, Irak.
Lajeng
kepemimpinan Khawarij dipun lajengaken kaliyan Nafi’ Ibnul Azraq mawi
paham ingkang langkung keras lan kereng tinimbang pimpinan sak derengipun.
Pahamipun inggih punika pihak ingkang terlibat dateng tahkim dipun
hukumi sami kaliyan musyrik. Tamtu
menika dados dalih mejahi samubarang tiyang ingkang mboten mlebet dateng
kelompok Khawarij. Paham ekslusif lan ekstrim meniko kalampah mataun-taun. Lan
dados paham baku dateng kelompok Khawarij. Ateges sinten mawon ingkang mboten
mihak lan sarujuk dateng kelompok Khawarij mangka dipun wastani musyrik. Mbok
bilih musyrik, mangka wajib dipun pejahi. Paham menika ingkang dipun ugemi
kaliyan kelompok ISIS. Lan ISIS mungguhipun para pengamat dipun wastani kanti
neo-Khawarij utawa Khawarij gaya baru. Kelompok ISIS sampun kathah manggen
dateng kiwo tengen kita ing negari Indonesia menika.
Para
rawuh ingkang minulya...
Mboten
wonten karep lan pinemu ingkang awon dateng lampahipun sejarah kala wau.
Ananging wonten seja ingkang gati menggah kita sedaya tiyang Islam. Pertama,
paham Khawarij kanti pertela mboten saged dipun ugemi kanti pemanggih
cethekipun nalar ingdalem ngleksanaaken ajaran agami. Kaping kalih, peristiwa sejarah
kepengker dados pitutur ingkang berharga lan aji kagem kita sedaya. Awit sampun kalampah mawantu-wantu mbok bilih
umat Islam dados jajahanipun propaganda-propaganda golongan ingkang mboten
remen dateng ajaran Islam ingkang edi peni. Langkung-langkung ingdalem wekdal
sakmeniko, umat Islam ampun terseret dateng pusaran berita-berita ingkang
memecah-belah peseduluran melalui media sosial, media cetak lan media
elektronik.
Para
rawuh ingkang minulya...
Mugi-mugi
khutbah ingkang asor menika saged nambahi waspada, ngeman keutuhan lan
kedewasaan kita sedaya. Mugi wonten gino lan manfaatipun.
بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم
بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع
العليم************
الحَمْدُ
ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ
وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا
إِنَّ
اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ
ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ
الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ
ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا
تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ
المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ
وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ
دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ
وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ
المُؤْمِنِيْنَ، اللَّهُمَّ إِنِّا نعُوذُبِكَ مِنْ البَرَصِ، وَالجُنُونِ،
وَالجُذَامِ، وَمِنْ سَيِّءِ الأَسْقَامِ تَحَصَّنَا بِذِى الْعزَّةِ
وَالْجَبَرُوْتِ وَاعَتَصَمْنَا بِرَبِّ الْمَلَكُوْتِ وَتَوَكَّلْنَا عَلَى
الْحَيِّ الَّذِى لاَ يَمُوْتُ رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ
هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَاعَذَاب
النَّاَر
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ
وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ
يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ
وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ.