Jumat, 20 September 2013

KHUTBAH BAHASA JAWA, 20 SEPT 2013



Para rawuh ingkang minulya…..
Allah Ta’ala sampun paring dawuh dateng al-Quran surat al-Hasyr ayat 18-20 ingkang surasanipun :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ (18) وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ نَسُوا اللَّهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ أُولَئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ (19) لَا يَسْتَوِي أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُونَ (20)
Artosipun: “Hai wong-wong kang pada iman, wedia sira kabeh marang Allah, becik awak-awakan ningali amal kang wus kelaku kanggo wektu sesuk lan wedia sira kabeh marang Allah. Setuhune Allah itu Maha Ngudaweni Kelawan apa kang sira agawe”.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ingdalem siji wekdal, Rasulullah dipun dugeni wontenipun setunggal kaum, inggih punika kaum Mudlar, kaum ingkang miskin lan tuna banda dunya. Tanpa terompah lan busana kanti nyandang gaman. Lajeng Rasulullah rumaos prihatin ingdalem kemiskinanipun kaum kala wau. Selajengipun Rasulullah ngutus Bilal ngawiti azan lan ngleksanaaken salat jamaah. Sak sampunipun ngleksanaaken salat jama’ah lajeng Rasulullah paring dawuh kanti nyebataken ayat “Yaa ayyuhan naasut taquu rabbakumul ladzii khalagakum min nafsin waahidatin… Lajeng panjenenganipun nyebat ayat punika: “Wal tanzhur nafsun maa qaddamat li ghadin"  kalian paring dawuh :”becik sedekah wong lanag saka dinar, dirham, kain utawi gandum lan kurmanipun. Lan sedekaha sira senajan sak cuil kurma”.
Saking dawuh punika, salah setunggalipun sahabat Ansar ngijabahi dawuhipun kanjeng Nabi kanti nyerahaken pinten-pinten bahan pangan sahingga ketingal rekasa saking abotipun gawan kala wau. Lajeng Rasulullah ketingal raos suka manahipun anggenipun paring dawuh dipun pahami lan dipun laksanaaken kalian sahabat kanti wajah ingkang sumringah tanda legawa.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ayat punika dipun wiwiti kalian lafadz   Ya ayuhaladziina amanu, hai wong-wong kang pada iman. Iman ingdalem makna lafadhipun dipun maknani tiyang ingkang ngandel. Ngandel mbok bilih dipun paringi dawuh. Ingdalem kasunyatanipun para sahabat dipun citra tiyang ingkang kathah ngandele. Sami kalian reaksinipun sahabat Ansar ingkang cancut tali wondo angenipun nampi dawuh saking Rasulullah SAW ingdalem kawontenan kathah tiyang ingkang sami nulayani wontenipun dawuh saking pituduhipun agami. Ingdalem ayat selajengipun persifatan menika dipun wastani tiyang ingkang fasik. Tiyang fasik kalebet golonganipun tiyang munafiq.
Para rawuh ingkang minulya…..
Allah Ta’ala nyebataken mbok bilih sak derengipun nyandak masalah ingkang berhubungan kalian tumindak cawis-cawis dinten ngajeng tansah dipun uba rampi kalian perintah ketaqwaan. Ketaqwaan ingkang pertama - mungguhipun Imam al Mawardi dateng Tafsir al-Nukat wa al-Uyun – mertelaaken mbok bilih penyebutan Ittaqullah ingkang pertama anggadahi makna taubat dumateng dosa ingkang sampun kalampah. Artosipun ingdalem cawis-cawis amal ingkang dipun uri-uri dateng sangu mlebet alam akhirat perlu wontenipun usaha. Mbok bilih cawis-cawis amal punika mboten dipun wiwiti taubat ingdalem maknanipun kita taksih dereng anggadahi tekad nglampahi kebagusan kanti total. Ateges taksih dereng anggadahi kesanggupan ninggal perkawis awon sesandingan kalian amal ingkang sae. Menika ingkang dipun rupi kelawan sifat kemunafikan. Nglampahi kebagusan ananging sregep agawe catu lan agawe ala sesarengan. Indalem ilmu itung-itungan tiyang kala wau tasik nglampahi pengawenipun tiyang dol-tinuku. Ateges bathi dol tinukunipun sareng kaliyan ruginipun. Mbok bilih bathinipun nglangkungi rugi, hasilipun modal dateng alam akhirat taksih dipun wastani kirang kathah. Sak wangsulipun mbok bilih rugi langkung ageng tinimbang bathi menika dipun wastani bangkrut alias mboten wonten modal sowan dumateng ngarsanipun Allah SWT.
Ananging mbok bilih, amal punika dipun lantari wontenipun taubat ingdalem wiwitanipun, berarti sedaya amal punika mboten wonten itungan untung ruginipun ateges itungan keuntungan tansah manggen dateng modal plus tanpa minus, keranten taubat dipun wastani tekad mboten bakal bali dateng amal awon alias kerugian.
Para rawuh ingkang minulya…..
Saksampunipun taubat, mangka kita nyawisaken amal dados modal sowan dateng ngarsanipun Allah SWT. becik awak-awakan ningali amal kang wus kelaku kanggo wektu temburine. Keranten taubat mboten bali dateng amal awon, ateges punika nuduhaken wontenipun ganjaran ingkang utuh ingkang mboten dipun kirangi kalian amal ala. Menika ingkang dipun surasani taqwa ingkang pertama. Selajengipun taqwa piyambak anggadahi makna kalih inggih punika nebihi dateng golongan munafik lan wedi dateng barang syubhat.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ketaqwaan dipun maknani nebihi dateng tiyang munafiq anggadahi makna mbok bilih sifat kemunafikan menika nyidra dateng amal sae kita sedaya. Tiyang munafik ingkang dateng al-Quran dipun sebat fasik angadahi makna ingkang sami. Ateges kekancan dateng tiyang munafik sami kaliyan ngrusak modal amal kesaenan kita sedaya. Lajeng sinten tiyang munafik ingkang dipun sebat kanti lafadz fasiqun menika. Ayat 19 saking al-Hasyr punika paring pituduh mbok bilih tiyang munafik menika tiyang ingkang mboten nggugu dateng wontenipun pituduh saking gusti Allah alias berusaha nglaliaken wontenipun Allah lan ajaranipun. Ingdalem kaya-kaya sedaya perkawis ingkang wonten dunya menika mboten wonten tetenger halal-haramipun. Lajeng aji mumpung dipun anggep mubah utawi mboten nulayani dateng hukumipun ingkang cetha. Menika dipun wastani mlebet dateng panggenan syubhat. Panggenan syubhat biasanipun dipun dadosaken pembenar kemubahanipun keranten mboten dipun sebataken dateng hukum ingkang pertela.
Para rawuh ingkang minulya…..
Ingdalem perilaku kemasyarakatan, sifat kemunafikan dadosaken rucahipun saka agami ingkang kiat. Mbok bilih perilaku masyarakat kathah dipengaruhi sifat kasebat, mangka bakal wonten ciri ingkang cetha. Inggih punika, wontenipun perilaku sae lan awon kalampah sesarengan. Masyarakat dipun pimpin kaliyan ulama’ picik ingdalem kawontenan sanes, masyarakat larut dateng kepicikan punika. Mboten wonten wates ingkang pertela antawis perkawis sae lan awon. Langkung-langkung perilaku tiyang ingkang beriman. Ingkang wonten namung demen dunya, pangkat lan samubarang ingkang mawujud ingdalem situasi kepenguasaan. Masyarakat menika dipun wastani ashabun nar, masyarakat ingkang tebih pituduh. Masyarakat ingkang celak cilaka lan tebih saking ridaning Gusti.
Para rawuh ingkang minulya…..
Indalem cethanipun perbedaan antawis ashabun nar lan ashabul jannah, mangka ayat kala wau ingalem sejatos paring penjelasan mbok bilih ya ayyuhalladzi amanu kalebet dateng masyarakat ingkang dipun semoyo kanthi suwargo, inggih punika tiyang ingkang beriman. Sak wangsulipun Ulaikahumul Fasikun menika tansah dipun wastani masyarakat ingkang dipun gadang pinanggih murkaning Allah inggih punika neraka.
Para rawuh ingkang minulya…..
Mangga kita sedaya tansah menetapkan pilihan, milih dateng persifatan masyarakat ingkang dipun ridani Allah kanti asma Ashabul Jannah. Masyarakat ingkang dipun semoyo wilujeng dunya dumugi akhirat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar