Kamis, 28 Maret 2013

KHUTBAH JUMAT, 29 MARET 2013



الحمد لله الذي رفع من أراد به خيرا بالعلم والإيمان ، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان . وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، الكريم المنان ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان ، اللهم صل وسلم على محمد وعلى آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان . أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Para rawuh sidang jumat ingkang berbahagia
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman dumateng Allah SWT.

Para rawuh ingkang minulya.....
Allah ta’ala sampun dawuh dateng surat al Fathir ayat 27-28 ingkang surasanipun :
اَلَمْ تَرَ أَنَّ اللهَ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً، فَأَخْرَجْنَا بِهِ ثَمَرَاتٍ مُّخْتَلِفًا اَلْوَانُهَا، وَمِنَ الْجِبَالِ جُدَدٌ بِيْضٌ وَحُمْرٌ مُّخْتَلِفٌ اَلْوَنُهَا وَ غَرَابِيْبُ سُوْدٌ (٢٧) وَمِنَ النَّاسِ وَالدَّوَابِ وَالْأَنْعَامِ مُخْتَلِفٌ اَلْوَانُهُ كَذَلِكَ، إِنَّمَا يَخْشَى اللهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمَائُوْا، إِنَّ اللهَ عَزِيْزٌ غَفُوْرٌ
Artosipun :
“Anata ora ningali sira setuhune Allah iku nurunake udan saka langit mangka ngetoake kita ing woh-wohan kang mawarna-warna rupane lan saka gunung dalan kang putih lan abang kang mawarna rupane lan ana warna kang ireng peteng. Lan semoana uga saking manungsa lan gegremetan lan raja kaya mawarna-warna rupane. Anging pesti kang wedi marang Allah iku mung Ulama. Setuhune Allah iku maha perkosa lan pangapura”.  
Para rawuh ingkang minulya.....
Ayat punika nuduhaken pinten-pinten kekuasaanipun Allah ta’ala ingkang arupi wonteipun jawah ingkang dateng sababiyahipun buah-buahan ingkang mawarni-warni. Lajeng menika saged dipun wilang ilmu biologi. Lajeng wontenipun lapisan tanah ingkang mawarni-warni dipun sebat ilmunipun kanthi ilmu geologi. Lan wontenipun manungsa ingkang mawarni-warni cahyanipun dipunsebat kanti kanti ilmu etnografi. Sedaya ingkang sampun dipun aturaken menika berhubungan kaliyan ilmu keduniawian. Lajeng tujuan ingkang sejati dateng ayat punika ingkang kedah kita mengertoasi sesarengan. Awit kathah tiyang ingkang mboten mangertosi mbok bilih samubarang ingkang wadag lan kasat mripat mboten dipun pahami kanti sifat nuduhaken maujudipun Allah SWT.
Ayat punika kalebet ayat makkiyah inggih punika ayat ingkang tumurun dateng wekdal sak derengipun Kanjeng Nabi Hijrah dateng Yatsrib ingkang saklajengipun dipun paringi tetenger kanti asma Madinah. Ayat makkiyah anggadahi ciri lan persifatan njejejaken makna ketauhidan dumateng Allah SWT. Salah setunggalipun cara nuduhaken makna ketauhidan punika mawi mujadalah utawi paring argumen mawi dateng tiyang ingkang ngingkari ketauhidanipun Allah ta’ala inggih punika tiyang kafir. Salah setunggaling bukti ingkang nuduhaken dateng ketauhidanipun Allah ta’ala mawi nyebat wontenipun kewontenan ingkang sampun dipun raosaken manungsa. Allah ta’ala paring bukti mbok bilih sedaya kawontenan ingkang dumawah ingdalem kiwa-tengenipun manungsa menika mboten dumadi tanpa sebab. Kamangka sak derengipun manungsa luru ilmu saking sedaya ingkang maujud dereng ngrumaosi mbok bilih menika dipun dadosaken dumateng dzat ingkang nglantari sebab. Jer namung ngangen-ngangen wontenipun alam menika dumadi kelawan tanpa sebab.
Mbok bilih dipun angen-angen kanti pikir ingkang waspada, wontenipun jawah menika mboten dumugi sak-dek sak-nyet. Jawah ingkang tumurun dateng bumi lajeng mlampah sak antawis melebet dateng lepen-lepen ingkang sumadya. Ingdalem kaya-kaya, sampun sumadya sistem irigasi ingkang rapi lan teratur. Lan thukul kathahipun wit-witan sarana woh-wohan ingkang ngremenaken. Sakwangsulipun ingdalem daerah ingkang arupi padang pasir, mboten dipun panggihi wontenipun jawah. Sak estu mbok bilih wonten jawah njalaraken rekaos ingkang sanget. Kawontenan menika kalampah kanti teratur lan rapi. Anata menika samubarang ingkang dumadi tanpa sebab?.
Para rawuh ingkang minulya.....
Allah ta’ala paring dawuh wontenipun lapisan-lapisan dateng sakjeroning bumi. Ilmu mengenai lapisan-lapisan menika dipun bahas kanti ilmu geologi. Lapisan bumi ingkang mawarni-warni nuduhaken dateng kemanfaatan dumateng manungsa. Wujud lapisan bumi dateng pegunungan dipun rupi benten kaliyan daerah dataran. Ingdalem daerah dataran, manungsa pinaring toya kanti usaha ngeduk bumi. Ananging  ingdaerah pegunungan, toya sampun sumadya tanpa rekaos ngeduk bumi ingkang padet kebak watu. Sak sampunipun manungsa ngginaaken toya dateng kebetahanipun, jer njalaraken limbah lan sisa. Manungsa ampun rekaos anggenipun ngolah limbah. Ananging bumi sampun anggadahi sistem pengolahan limbah kanti lapisan-lapisan kala wau. Lajeng toyo saged dipun ginaaken dateng manungsa ingkang manggen dateng sak jembaring dunya. Sedaya sampun kalampah kanti sistem ingkang teratur lan rapi. Anata menika samubarang ingkang dumadi tanpa sebab?.
Para rawuh ingkang minulya.....
Sak sampunipun Allah ta’ala njlentrehaken sedaya kewontenan ingkang mungguhipun tyang kafir dumadi tanpa sebab, lajeng paring dawuh mbok bilih ingkang ajrih dateng Allah inggih unika namung Ulama. Ateges tiyang ingkang nyumerapi kanti ilmunipun dateng sedaya kawontenan punika tansah gandeng runtung kaliyan wujudipun Allah SWT. Mboten dumadi tanpa sebab ingdalem kawonten kathahipun tiyang ingkang ngugemi ilmu kanti paham ingkang nirwaaken wujudipun Allah SWT. Ingdalem ayat kasebat, perihal ajrihipun ulama dipun gandeng kaliyan ilmu-ilmu ingkang mungguhipun tiyang sakmenika kanti ilmu-ilmu modern. Ateges ingdalem nyumerapi lan ngukuhaken sifat kuasa lan karepipun Allah saged dipun panggihi saking ilmu napa kemawon. Mboten wonten pemisahan ilmu agama mawi ilmu dunya.
Para rawuh ingkang minulya.....
Sofyan al- Tsauri paring dawuh mbok bilih ulama dipun beda kanti tigang golongan. Pertama, ulama ingkang  mengertosi sifat-sifatipun Allah SWT lan perintah-perintahipun. Golongan pertama menika igkang dipun sebat ulama. Awit saking ilmunipun ingkang arupi mangertosi sifatipun Allah dateng sedaya perkawis ingkang anggadahi sifat dunyawi mawi ukhrawi. Saking penelitian lan i’tibar wujudipun samubarang wadag menika dados lantaran wujudipun Allah. Lajeng piwulangan agama nambahi wujud ajrih dumateng Allah kanti ajrih ingkang sak leres-leresipun. Ajrih ingkang dipun maksud inggih punika ajrih lumantar tata ilmu ingkang dipun ugemi. Ulama ingkang manggen dateng golongan pertama punika nglumantari sifat wara’, ananging landep pikiripun. Kaping kalih, ulama ingkang mengertosi sifatipun Allah, ananging mboten mengertosi perintah-perintahipun. Menika ugi dipun wilang ulama ingkang ajrih jalaran mangertosi sifatipun Allah. Ananging ajrih ingkang dipun maksud dereng jangkepi ajrih ingkang purna. Sebab mboten mangertosi perintahipun. Lajeng ajrih punika dipun wastani ajrih ingkang membabi buta. Kaping tiga, ulama ingkang mengertosi perintahipun Allah ananging mboten mengertosi sifatipun. Ulama ingkang manggon dateng golongan tiga menika mboten nocoki dumateng sifat ajrih. Lajeng mboten nocoki sebutan ulama dateng piyantunipun. Sebab mboten mengertosi sifatipun Allah. Lajeng dipun sebat ulama dunya alias mboten ulama.
Para rawuh ingkang minulya.....
Sebutan ulama maringi wekasan dumateng kita sedaya mbok bilih jalaran saking ajrihipun, Allah ta’ala paring pangampunan lan ganjaran ingkang agung.
إِنَّ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ
“Setuhune wong-wong kang wedi marang pengerane kang samar, mangka deweke pikanthuk pangapura lan ganjaran kang agung”.
Mbok bilih dipun ringkes, ulama’ inggih punika, lumantar ilmunipun jalaraken sifat ajrih dateng Allah SWT. Mbok bilih wonten ulama ingkang mboten ajrih dateng Allah menika mboten nocoki wontenipun sebutan ulama.
Para rawuh ingkang minulya.....
Mangga kita sami tansah ngugemi dawuhipun Allah ta’ala ingdalem niti-niti ilmu. Mugi-mugi lumantar ilmu nambahi ajrih dumateng Allah SWT. Lan akhiripin dados sababiyahipun kawilujengan lan kebahagiaan dunya lan akhirat kanti ridanipun Allah SWT.  

إنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَئِكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ جَزَاؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتُ عَدْنٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ ذَلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهُ
بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************.
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا..........................................................................
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ َجِيْدٌ.
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُؤْمِنِيْنَ، رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةًوَقِنَاعَذَاب النَّاَر.........................................................................
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar