Sabtu, 24 Desember 2016

Khutbah Jumat Bahasa Jawa, 23 Desember 2016



الحمد لله الذي رفع من أراد به خيرا بالعلم والإيمان ، وخذل المعرضين عن الهدى وعرضهم لكل هلاك وهوان . وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له ، الكريم المنان ، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله الذي كمل الله له الفضائل والحسن والإحسان ، اللهم صل وسلم على محمد وعلى آله وأصحابه والتابعين لهم مدى الزمان . أما بعد، فياأيها المسلمون أوصيكم وإياي بتقوى الله عز وجل والتَّمَسُّكِ بهذا الدِّين تَمَسُّكًا قَوِيًّا. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم “يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُون.

Para rawuh ingkang minulya...
Mangga kita tansah ningkatan pengabdian kita dumateng Allah subhanahu wataala sarana taqwa ingkang sak leres-leresipun. Inggih punika nglampahi perintah lan nebihi laranganipun kanti ilmu ingkang dipun warisaken para Nabi dumateng para ulama kanthi dasaring iman dumateng Allah SWT.
Para rawuh ingkang minulya...
Kepareng matur ingdalem khutbah Jumat ingkang minulya menika gegandengan kaliyan situasi ingkang akhir-akhir puniko. Inggih punika wontenipun kedadian-kedadian ingkang dipun wastani darurat keimanan. Tegesipun tiyang Islam ngadepi persulayan ingdalem nyandra wilayah ingkang lebet menika. Kathahipun namung nyandak reribet ingdalem kalangan internal tiyang Islam kemawon. Tiyang Islam tansah sulaya ingdalem nguri-nguri persatuan dan gematinipun seduluran setunggal kaliyan sanesipun. Namung setunggal perkawis ingkang andadosaken rucahipun situasi menika. Inggih meniko masalah dereng tuntasipun nyesep keimanan dumateng Allah SWT. Antawis saking tumindak menika nukulaken sikap ngafiraken dateng tiyang Islam lintu, nganggep najis, ngrendahaken lan ingdalem puncakipun keteledoran kalawau nganggep musyrik. Lan saking tuduhan menika ngestuaken mejahi dateng tiyang Islam sanes sarana mboten sami anggenipun anggadahi pinemu ingkang lebet ingdalem babakan keimanan. Awit saking punika, kawula wiwiti saking pusat reribetanipun tiyang Islam inggih punika saking golongan Khawarij. 
Para rawuh ingkang minulya...
Khawarij salah setunggalipun kelompok ingkang didakwa kedah bertanggungjawab kaliyan pejahipun khalifah Usman bin Affan dateng Madinah. Awit sak derengipun Usman bin Affan kapundut, umat Islam manggihi punapa ingkang kaliyan ahli sejarah dipun wastani kaliyan fitnah kubra.  Inggih menika wontenipun situasi huru-hara ingkang dipun mandegani kaliyan setunggal piyantun Yahudi, Abdullah bin Saba’. Salah setunggalipun perkawis ingkang dipun dadosaken modal ngorat-ngarit keutuhanipun tiyang Islam inggih punika mbok bilih Usman mboten nderek dateng perang Badar. Lajeng alasan punika ingkang dipun dadosaken alat provokasi dateng masyarakat. Al-hasil usaha menika dadosaken masyarakat goyah anggenipun percados dateng kepemimpinan khalifah Usman bin Affan. Abdullah bin Saba’ sampun hasil anggenipun ngowahi situasi ingkang jenjem dados situasi chaos utawi tidak terkendali. Awit saking menika, njalari dateng golongan ingkang mboten paham situasi, terpancing kaliyan provokasi saking pihak ingkang mboten remen dateng kepemimpinan Usman ingkang jumawa.  Lan golongan ingkang gampil terpancing inggih punika warga ingkang manggen dateng pedusunan. Awit warga pedusunan menika tebih saking pengetahuan ingkang lebet ingdalem nyinau situasi ingkang berkembang. Mawi sifat brangasipun, warga pedusunan menika mboten srantan mejahi sayyidina Usman. Warga pedusunan ingkang lugu menika, ing babakan selajengipun dipun sebat kelompok Khawarij. 
Para rawuh ingkang minulya...
Sak bibaripun Usman bin Affan tilar dunya, Madinah ingkang dados ibu kotanipun kekuasaan Islam dados kosong kepemimpinan. Lajeng kelompok ingkang mejahi Usman,  ngajeng-ngajeng dateng Ali bin Abi Thalib nyepak dados khalifah selajengipun. Lan sak lajengipun Ali bin Abi Thalib dipun baiat kaliyan para sahabat ingkang manggen dateng Madinah. Ananging, Muawiyah, ingkang ngayahi Gubernur dateng Syria lan keleresan dados mindahanipun  Usman, mboten mufakat dateng kepemimpinanipun  Sayyidina Ali. Lan nuntut dateng Ali ingdalem ngupokoro perkawis ingkang gegandengan kaliyan pejahipun Usman bin Affan. Mbok bilih perkawis menika mboten dipun pungkasi, mangka Muawiyah ingkang bade saweg ngleksanaaken piyambak. Awit saking menika, Khawarij muda lajeng merapat ngraketaken gegandengan kaliyan pihak Ali bin Abi Thalib.  Al-hasil, Ali pinaring tambahipun penderek ingdalem akhiripun dados kelompok ingkang sanget sulayanipun dateng Ali, inggih punika Khawarij.
Para rawuh ingkang minulya...
Persulayan antawis pihak Ali lan Muawiyah mboten saged dipun pungkasi kanti rerembugan. Selajengipun peperangan ingkang dados pilihan ingkang dipun wastani perang siffin. Ingdalem kawontenan peperangan ingkang bade dipun menangaken pihak Ali, Muawiyah ngleksanaaken siasat diplomasi kanti wakil dateng Amru bin Ash. Lan peperangan saged dipun leremaken kanti nyawisaken mushaf al-Quran dateng tombakipun Amru bin Ash. Perdamaian menika dateng sejarah dipun wastani mawi tahkim. Peristiwa perjanjian damai menika kaleksanan dateng wilayah Harura, Kufah. Ingkang sak menika kalebet dateng wilayah Iran. Ingdalem kawontenan menika, bala tentaranipun Ali pecah dados kalih kelompok. Kelompok pertama, mboten sarujuk kaliyan bentuk  perdamaian. Awit perdamaian dipun leksanaaken ingdalem kawontenan unggulipun pihak Ali. Tamtu menika dados siasat belaka. Kelompok meniko lajeng medal saking kelompokipun Sayyidina Ali ingkang akhiripun dipun wastani Khawarij. Kelompok kaping kalih, tansah sarujuk dateng sedaya keputusanipun Sayyidina Ali. Awit ingdalem ajaran agami ingkang sejati, ngleksanaaken wawuh utawi damai dados kewajibanipun sedaya tiyang ingkang mukmin. Lan kelompok ingkang kaping kalih punika lajeng dipun wastani Syi’ah. Artosipun penderekipun Sayyidina Ali ingkang loyal lan setia. Awon saenipun kawontenan penderekipun manut dateng dawuhipun Sayyidina Ali.
Para rawuh ingkang minulya...
Kelompok Khawarij saklajengipun dipun pimpin kaliyan Abdullah Ibnu Wahhab al-Rasyidi kanti paham mbok bilih kelompok ingkang terlibat dateng peristiwa tahkim dipun hukumi kafir. Awit kekalihipun mboten ngginaaken hukumipun Allah. Ateges manut dateng perdamaian ingkang sejatosipun namung siasat belaka. Ananging Abdullah Ibnu Wahhab al-Rasyidi dipun pejahi tentaranipun Sayyidina Ali dateng wilayah Nahrawan, sak antawis 12 kilometer saking Baghdad, Irak.
Lajeng kepemimpinan Khawarij dipun lajengaken kaliyan Nafi’ Ibnul Azraq mawi paham ingkang langkung keras lan kereng tinimbang pimpinan sak derengipun. Pahamipun inggih punika pihak ingkang terlibat dateng tahkim dipun hukumi sami kaliyan musyrik.  Tamtu menika dados dalih mejahi samubarang tiyang ingkang mboten mlebet dateng kelompok Khawarij. Paham ekslusif lan ekstrim meniko kalampah mataun-taun. Lan dados paham baku dateng kelompok Khawarij. Ateges sinten mawon ingkang mboten mihak lan sarujuk dateng kelompok Khawarij mangka dipun wastani musyrik. Mbok bilih musyrik, mangka wajib dipun pejahi. Paham menika ingkang dipun ugemi kaliyan kelompok ISIS. Lan ISIS mungguhipun para pengamat dipun wastani kanti neo-Khawarij utawa Khawarij gaya baru. Kelompok ISIS sampun kathah manggen dateng kiwo tengen kita ing negari Indonesia menika.
Para rawuh ingkang minulya...
Mboten wonten karep lan pinemu ingkang awon dateng lampahipun sejarah kala wau. Ananging wonten seja ingkang gati menggah kita sedaya tiyang Islam. Pertama, paham Khawarij kanti pertela mboten saged dipun ugemi kanti pemanggih cethekipun nalar ingdalem ngleksanaaken ajaran agami.  Kaping kalih, peristiwa sejarah kepengker dados pitutur ingkang berharga lan aji kagem kita sedaya.  Awit sampun kalampah mawantu-wantu mbok bilih umat Islam dados jajahanipun propaganda-propaganda golongan ingkang mboten remen dateng ajaran Islam ingkang edi peni. Langkung-langkung ingdalem wekdal sakmeniko, umat Islam ampun terseret dateng pusaran berita-berita ingkang memecah-belah peseduluran melalui media sosial, media cetak lan media elektronik.
Para rawuh ingkang minulya...
Mugi-mugi khutbah ingkang asor menika saged nambahi waspada, ngeman keutuhan lan kedewasaan kita sedaya. Mugi wonten gino lan manfaatipun.

بارك الله لى ولكم فى القرآن العظيم ونفعنى واياكم بما فيه من الايات والذكر الحكيم وتقبل الله منى ومنكم تلاوته انه هو السميع العليم************
الحَمْدُ ِللهِ الَّذِى تَتِمُّ الصَّالِحَاتِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لا إِلهَ إِلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ اتَّقُوْا اللهَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ
قال الله تعالى : إِذَا جَآءَ نَصْرُ اللهِ وَالفَتْحُ وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُوْنَ فِى دِيْنِ اللهِ أَفْوَاجًا فَسَبِّحْ ِبحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا
إِنَّ اللهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَااَّلذِيْنَ آمَنُوْ ا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وعلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيْ الحَاجَاتِ وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ، اللّهُمَّ لا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لايَخَافُكَ وَلا يَرْحَمُنَا، اللّهُمَّ انْصُرِ المُجَاهِدِيْنَ الَّذِيْنَ يُجَاهِدُوْنَ فِي سَبِيْلِكَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانٍ، اللّهُمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ دِيْنَكَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ دِيْنَكَ، اللّهُمَّ أَعِزَّ الإسْلامَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَذِّلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُؤْمِنِيْنَ، اللَّهُمَّ إِنِّا نعُوذُبِكَ مِنْ البَرَصِ، وَالجُنُونِ، وَالجُذَامِ، وَمِنْ سَيِّءِ الأَسْقَامِ تَحَصَّنَا بِذِى الْعزَّةِ وَالْجَبَرُوْتِ وَاعَتَصَمْنَا بِرَبِّ الْمَلَكُوْتِ وَتَوَكَّلْنَا عَلَى الْحَيِّ الَّذِى لاَ يَمُوْتُ رَبَّنَا لاتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الوَهَّاب رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَاعَذَاب النَّاَر
عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالعَدْلِ وَالإ حْسَانِ وَاِيْتَآءِ ذِيْ القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوْا اللهَ العَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكَمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اكْبرَ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar